mengasah keterampilan merajut kata menyulam cipta

Kamis, 23 Januari 2020

Tembe Krasa #3 (Cerkak)


Ora krasa wis kliwat Nguter. Nyumurupi plengkung “Selamat Datang” ing gapura kikis kabupatèn, kaya disengkakaké anggoné Pak Didik mlayokaké mobilé. Sanajan sédhan tuwa, pranyata isih rosa mlayu banter. Hijet putih tetep setya ngetutaké ing mburiné.

Ora gantalan jam, rombongan wis ngancik poncot désaku. Pak Didik dakaturi nyuda lajuné mobil. Nyaketi omahé Simbok, dakabani supaya minggir nengen alon-alon. Banjur ... greeeg ...! Subaru abang mandheg sarèh. Kasusul Hijet putih.

Aku tumolèh nengen. Sepi. Wis ora ana wong jagongan ing latar. Apa manèh nganti tekan pekarangan. Mung ana welasan wong padha ungak-ungak ing èmpèr. Sajaké padha nakyinaké sapa tamuné sing lagi teka.

Genah wis kepancal. Layon mesthi wis dipetak. Ketiwasan! Aku ditilapaké. Ora menangi alang-ujuré Bapak. Mripatku mung mlolok sawetara. Banjur dakkucek. Mbuwang eluh sing kadhung kumembeng. Karebèn ora ngubak-ubak sungkawané kulawargaku sing lagi mèh lerem.

Kakangku sing nomer papat metu saka èmpèr. Banjur mlaku kapirangu nuju ratan. Bareng weruh aku metu saka mobil, kakangku mak brabat mlayu mrepegi. Tanganku disalami. Pundhakku dirangkul. Ora ana tembung kumecap. Mung mripaté sing ora kuwawa mbendung iliné eluh. Banjur tanganku digandhèng. Aku dituntun tumuju ing omah.

Simbok, mbakyu-mbakyuku, lan kakang-kakangku tata baris ing latar. Kaya déné patrapé simpingan among tamu ing pahargyan. Mbagèkaké tekaku sarombongan. Mung bédané, dhayohé disuguhi tangis sesenggrukan. Aku ngatonaké tatagku. Malah kepara kawetu gunemku ngaring-aring, nggedhèkaké atiné Simbok lan sedulur-sedulurku tuwa. Sanajan iku mung lamis, aku bombong déné bisa nyandhet tangis sing luwih banter.

Isih kaya padatan jaman cilikanku. Yèn ana kesripahan, wengi sabubare layon dipetak, sanak sedulur lan tangga teparo padha lèk-lèkan sawetara. Perluné, asung panglipur marang kulwarga sing nandhang duhkita. Mung bédané, saiki wis ora sinambi ngabotohan rèmi, gaplé, utawa ceki. Isih ana sing main kertu, nanging mung saderma dolanan minangka cagak melèk. Wis ora mawa totohan dhuwit apadéné bandha sing duwé pangaji.

Ndungkap tengah wengi, sing lèk-lèkan padha gegancangan pamit. Mung kari sanak sedulur raket sing ora mingket. Iku waé wis padha turu. Ora jeneng maido. Mesthi waé wis padha ngantuk kagawa sayah.

Mripatku isih kethap-kethop, durung gelem merem. Pangangenku isih ngumbara, ngulari wewayangané Bapak. Ngéntha-éntha polatané nalika raga nguntapaké oncaté nyawa. Memetha kuwandané nalika disucèni. Ngreréka pasuryané nalika diwiyak ulesé.

Dumadakan Simbok nyaketi aku. Banjur nggapyuk ing pangkonku. Mingseg-mingseg.

“Saiki kowé wis ora duwé bapa tenan, Nang ...,” panggrantesé.

Brolll! Sakala ambrol pepetané tlapukanku. Eluh ndlèwèr deres tan kena diampah. Dudu perkara kélangan bapa sing daktangisi. Dudu perkara ketilapan pametaké jisimé Bapak sing dakgelani. Iku kabèh mono wis dadi garis pesthiné Gusti Kang Mahawenang.

Saiki aku wis ora duwé bapa! Iki gegetun sing ora bakal antuk tamba. Keduwung ora bisa netepi darmaning anak marang bapak. Umurku pancèn wis 30 taun. Nanging, selawasé 30 taun iku patrapku marang Bapak isih kaya bocah durung pupak. Mung pijer ngrusuhi. Durung becus urun bau, apa manèh udhu, kanggo ngènthèng-ngènthèngi sesanggané ngaurip. Banjur saiki bisa apa? Kelir kanggo mbabar bekti marang Bapak wis dikukud!

Ujug-ujug aku kèlingan sabdané Kanjeng Nabi. Wong mati mono cuthel kabèh amalé. Ora ana sing katut minangka sangu séba ing ngarsané Sang Mahardikèngrat. Kajaba telung perkara. Salah sijiné: anak salèh sing ketungkul ndonga kanggo wong tuwané.

“Wis, Mbok. Bapak kudu diéklaské. Mèn gangsar lakuné,” clathuku, ngarih-arih Simbok.

Tangisé Simbok wis mendha, nuli nggléthak ing klasa. Tangané ditekuk kanggo tadhah sirah. Aku menyat, mlaku tumuju paturasan. Bar reresik sabakdané bebanyu nuli wudu. Sarungan, salat gaib, banjur timpuh. Rasané ora kepéngin gagé-gagé menyat saka pasalatan ing cocor lor kulon omah.

“Rabbigfirlī wa liwālidayya, warhamhumā kamā rabbayānī şagīrā. Dhuh Gusti, ngapuranen aku lan wong tuwaku sakloron, uga paringa welas asih marang wong tuwaku kekaroné, murwat klawan panggulawenthahé marang aku nalika bayi.”

Ndremimil anggonku ngrapal donga iki. Ambal-ambalan tanpa wilangan. Anteping pangangkah, dongaku tumanja dadi sanguné Bapak kombul ing swargaloka. Kaya surasané pituduh suci kang kamot ing sabdané Kanjeng Rasul.

Mundhak suwé tansaya tuwajuh nggonku tepekur. Mripat dakremaké. Tangan kekaro tumadhah nyadhong apura lan sih wilasané Gusti Algafūr Arrahīm.

Tanpa sangkan, ngégla wewayangané titah manca kumléyang pancer embun-embunanku. Pakulitané putih memplak. Mustakané jamangan emas. Rikmané ngandhan-andhan dioré nglèmbrèh tumumpang geger. Astané awangun suwiwi. Durung pada wujudé kakung apa putri, mripatku giri-giri melèk.

Byarrr .... Klépat ...! Bareng karo melèké mripatku, makhluk nyalawadi iku sirna tanpa lari.

Duga wetara ing batinku, mbok menawa iku mau bangsané malaikat. Kang ingutus ngunjal dongaku, konjuk ing ngarsané Gusti Allah.

Wéladalah! Keladuk kegedhèn rumangsa aku iki! Apa préjénganku iki pantes ngaku-aku anak sing salèh? Kamangka sing payu tumus marang arwahé wong tuwa iku mung dongane anak-anaké sing salèh! Tur manèh, apa kurang sih tresnané Pangeran sing wis disokaké marang Bapak? Ora kendhat Gusti Allah paring rahmat marang Bapak! Salawasé urip! Sajeg jumbleg! Banjur kapan aku genti asok tresna asih marang Bapak? Endi buktiné tresna yektiku marang Bapak? Ora idhep isin mung gaco ngejibaké tresnané Gusti Allah?

Cep klakep! Ora keconggah mbacutaké kedaling ilat. Eluhku kumotos. Tangisku sesenggrukan. Muga-muga ora keprungu dening sing padha angler turu.

Pasrah. Sumarah. Ngumangsani asor wor lan kotor.

(TAMAT)
Share:

0 comments:

Posting Komentar

Tembe Krasa #3 (Cerkak)

Ora krasa wis kliwat Nguter. Nyumurupi plengkung “Selamat Datang” ing gapura kikis kabupatèn, kaya disengkakaké anggoné Pak Didik...

Translate

Wikipedia

Hasil penelusuran

dari Catatan Kang Gw

dari Bale Sinau

Teman Pantulkit