mengasah keterampilan merajut kata menyulam cipta

  • Sampul Buku Antologi Puisi "Sang Dwija"

    Buku ini berisi antologi puisi, gurit (puisi berbahasa Jawa), dan Macapat (jenis tembang Jawa) karya 12 alumni SPG Negeri Wonogiri. Semuanya mengungkapkan refleksi atas tragedi yang menimpa Ahmad Budi Cahyono, guru muda di tanah Madura yang meregang nyawa akibat ulah beringas seorang muridnya.

  • Infografis Pidato Mendikbud pada HGN 2019

    Pidato Mendikbud Nadiem Makarim pada Hari Guru Nasional 2019 mendapat apresiasi secara luas.

  • Tembe Krasa

    Apa aku pantes sinebut anak sing saleh? Apa isih kurang sih tresnane Gusti marang Bapak? Apa tandha yekti tresna lan bektiku marang Bapak?

  • This is default featured slide 4 title

    Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

  • This is default featured slide 5 title

    Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Senin, 26 Februari 2018

Abc #7

Alpa darimu rasa
Hingga iba tiada lagi merupa
Murid tak ragu luapkan murka
Antarkan tinju ke pelipisnya
Dan tubuh gurumu roboh nirdaya

Bedebah kau murid durjana
Urung berguru batal berilmu
Dungu logika busuk etika
Iblis penyesat kauangkat pandu

Culas beringas kendali lepas
Abai lalai moral tergadai
Hangus berangus adab tergerus
Yang tersisa angkara belaka
Ocehan dajal menjelma titah
Nafsu lawamah menyumsum darah
Ogah dengarkan kata nurani

Banyumanik, 260218
Share:

Abc #6

Abot
Haruhara
Mikir nasibe
Anak sing nembé
Dikandhut patang sasi

Bakal lair ing tembé tanpa nyipati
Ujud rupa paraupane bapake
Dedeg cendhek dhuwuré
Iba gelane kang siwi

Cenger tangise kapisan
Ambu pesing ompole
Hari pasaran wetone
Yoga kang bakal tinitah
Ora katungkulan yayah
Nadyanta mung sakedhepan

O mangkono panggrantese Sinta

Srondol, 180218 
Share:

Abc #5

Adhuh ...
Hmmm ...
Mbedhedheg
Atiku
Drohun!

Bocah sekolah
Umpak-umpakan
Dibotohi cukong HAM
Ilang unggah-ungguh katimuran

Cakcakane kaya wangsa barbar
Apa ora ngilo
Harya Cakil kang dhapur diyu
Yen bandayuda lawan satriya
Ora doyan nggrayang muka
Nadyan dhadhane umob
Ora kongsi nerak pepali


Jepara--Semarang, 170218
Share:

Abc #4

Ahmad, asmane dumadakan viral
Hangambar ing jagat maya
Maésan ing pusarane
Ambal-ambalan siniram banyu kembang
Dadi jujugan para panandhang duhkita

Budi, tulusing bekti
Uga apesing pesthi
Datan mokal ngundang simpati
Idhep-idhep minangka pepeling

Cahyono, cahya cumlorot madhangi marga
Asung kurmat mring layon
Hyang Wilasa ngawe-awe
Yekti pantes sinuba jiwa kang seba
Oreg jagating kadewatan
Nupiksa udan tangis kang padha kélangan guru Budi
Ora kendhat mbebana mrih ginanjar swarga minulya


Bandengan--Jepara, 170218
Share:

Abc #3

Ahmad mula pantes pinuji
Honore mulang ora mbejaji
Mung saderma tukon sabun wangi
Arep asok cicilan montor kudu jempalitan
Derep fulus ing séjé papan

Budi bakal tetep rekasa
Upama ora didhisiki
Dhayoh tanpa cecala
Izrail sang jurupati

Cahyono wus purnayuswa
Amung telung windu punjul telu
Hak ambegan ing planèt biru

Yatim wiwit jroning rahim
Ora wurung manjing ing anake
Nalika durung genep setugel mangsa
Omah ing garbane sang ibu

Jepara--Bandengan, 170218 
Share:

Abc #2

Abang kawlagar jroning dhadha
Hawa peteng nggegubel rasa
Mireng lelayu ing tanah Madura
Adigang siswa merjaya dwija
Dhuh jagat reksane Hyang Alim

Badhar kang sarwa sinedya
Ubaya mbangun brayat santosa
Daya-daya nyadhang mijile si jabang
Ingajap dadya lajering tresna

Cingak kang para sumurup
Apa kang digawé melik
Hara piyé jal nalare
Yen digagas ora tinemu
Oemar Bakri jaman puniki
Nemahi pejah déning murid deksura
Ora melek darmaning siswa

Sayung--Jepara, 170218
Share:

Abc #1

Astagfirullah
Horeg jagading pawiyatan
Marga pokal gawéné si gondhes
Arek sekolah nyikara guruné dhéwé
Dadi tan wurung lan palastrane 

Badheg timen kelakuane gondhes
Ugal-ugalan tanpa watesan
Duga prayoga babarji nora direken
Iblis laknat digugu wisike

Cabar piwulang luhur para sepuh
Amrih murid ngajeni guru
Haram siswa nyaru krama mring dwija
Yayah rena pepindhane
Ora pantes diremehake
Nora pareng dibebantah
Ora kena dianggep asor 

Genuk--Sayung, 170218
Share:

Sabtu, 24 Februari 2018

Tresna Warisan *)


Saben liwat stasiun sepur Ketandan, atiku krasa sumedhot. Iku biyen stasiun cilik. Bareng angkutan bis saya rame, stasiun sing mung cilik iku wis ora pati piguna, awit arang banget wong nyepur munggah-mudhun ing kono. Mula banjur ditutup, diganti palang sepur.
Nadyan mangkono, papan iku tetep nyanthel lelakon lawas jroning uripku. Biyen watara seketan taun kepungkur, saben dina aku ngambah stasiun kono. Esuk bubar subuh wis mangkat saka ngomah njujug stasiun, terus numpak sepur menyang Sala, sekolah. Awan jam setengah telu mulih saka sekolah mudhun stasiun kono, terus numpak sepedha mulih, tekan ngomah wis meh jam telu. Mangkono iku nganti wolung taun, wiwit klas siji SMA nganti lulus sarjana.
Ana lelakon sing luwih tumabet ing atiku. Nalika aku wis kuliyah tingkat telu, ana bocah wadon sekolah uga nglaju numpak sepur. Jenenge Damayanti, sekolah ing SGA. Saben esuk ketemu ing stasiun, jagongan pating glenik karo ngenteni tekane sepur, diterusake lungguh jejer ing njero sepur. Awane bareng nyepur maneh mulih saka sekolah. Nganti telung taun.
Ora mokal yen ati kang isih padha enome banjur kaiket ing rasa tresna. Wong loro wis sepakat bakal urip bebarengan mbangun balewisma. Mung gandheng durung kerja, aku durung wani nglamar marang wong tuwane.
Begjane awak dhek semana, wong loro meh bareng diangkat dadi pegawe. Emane kok adoh wangune. Aku ketampa ing Surabaya, dene dheweke diangkat dadi guru ing Pekalongan. Isih gawang-gawang kelingan patemonku kang pungkasan sadurunge pisah. Dheweke dakterake njupuk surat pengangkatan menyang sekolahane. Mulihe wis jam 7.30 bengi.
Ing ngarep stasiun cilik kang sepi iku, dheweke ngrangkul aku kenceng banget karo sambat memelas, “Mas, bakale pisah adoh. Saiba kagete ati iki. Daksuwun Mas aja kendhat kirim layang pendhak sasi, kanggo tamba kangening ati.”
“Iya, Dhik,” sauranku karo ngaras rambute.
“Muga-muga ora kesuwen enggal bisa urip kumpul saomah.”
“Dakarep-arep lamaranmu, Mas.”
Tanganku digegem kenceng, diambungi, banjur padha pepisahan nggawa ati kebak katresnan.
Nanging bareng wis adoh papane, ora ngira dheweke jebul terus lali karo aku. Saben sasi aku kirim layang kaya penjaluke, nanging ora tau ana balesane. Nganti telung taun. Nganti sing pungkasan aku krungu kabar yen dheweke wis omah-omah.
Laraning atiku isih tumabet nganti seprene, sawise setengah abad kepungkur, awit saka gedhene tresnaku marang dheweke. Mula kala-kala aku merlokake jajan soto ing warung cedhak palang tilas stasiun iku. Mung kepingin ngeling-eling endahe lelakon jaman sekolah langganan sepur bareng karo Dhik Damayanti biyen.
Kala-kala ati iki kepingin ketemu. Kepingin ngerti kahanan saiki. Nanging aku babar pisan ora mangerteni ing ngendi papan dununge saiki. Malah aku ora ngerti wektu iki isih urip apa wis ora ana. Aku apal banget, yen isih urip, wektu iki umure wis sewidak papat taun, limang taun sak adhiku.
Saiki wis padha tuwa. Umpama ketemu ya mung arep padha seduluran. Perkara lakon katresnan, ganti anakku sing sedhenge nglakoni.
***
Nembe wae anakku matur, njaluk dilamarake bocah ing Desa Sumyang, anake Bu Sapta. Kanthi rasa dheg-dheg plas, sangertiku iku rak desane Dhik Damayanti biyen. Eling lelakonku dhewe sing ora nyenengake, aku ora kepingin ngulur-ulur wektu. Mundhak mrucut kaya awakku biyen. Enggal wae aku golek dina bisane lumaku arep nemoni Bu Sapta, saperlu negesake sasrawungan kanggo lantaran nglamar anake wadon Martini.
Milang-miling kahanan Desa Sumyang saiki dalane wis alus diaspal. Taman-taman turut dalan katon asri temata. Nanging aku isih apal dalan-dalan 50 taun kepungkur.
Takon-takon omahe Bu Sapta, bareng ketemu aku kaget. Iki rak omahe bapake Dhik Damayanti biyen kae. Aja-aja  Bu Sapta iku adhine, sing ngenggoni tilas omahe bapake. Yen ngono tenan, kebeneran bisa takon kepriye kabare Dhik Damayanti wektu iki.
Aku nothok lawang karo uluk salam, “Assalamu `alaikum ....”
Ora ana sing semaur.
“Kula nuwun ...” dakbaleni uluk salam.
Keprungu wangsulan saka njero, karo mlaku rada kesusu, “Wa`alaikum salaaam .... Mangga, sekedhap.”
Let sedhela lawang dibukak.
Mak jegagig ... sakala aku kaget ... njinggleng nyawang wong wadon sing ngadeg mbukakake lawang. Mripatku bola bali tak meremake ... apa ora salah piyantun putri sing ana ngarepku? Plek, ... plek tenan karo Dhik Damayanti .... Aku rada pangling karo pangeling-elingku. Semono uga piyantun putri sing mbukakake lawang katon kaget, kamitenggengen nyawang aku.
“Nuwun sewu, punapa penjenengan Dhik Damayanti?”
Nggugah lan mbiyak kahanan sing padha njinggleng sawang sinawang.
“Mas ... Mas Mar ... yo ... no ...?” kanthi groyok mangsuli pitakonku.
“Iya ..., iki aku Damayanti, Mas,” negesake sapa sing lagi mbagekake tekaku.
“Sing rawuh mrene kok penjenengan, Mas?”
Aku lan Dharmana mbaleni uluk salam, “Assalamu `alaikum.”
“Wa`alaikum salam .... Mangga, ... mangga pinarak.”
“Apa Nak Dharmana iku putramu, Mas?”
“Iya, Dhik.” aku mesthekake yen Dharmana iku anakku.
Kabeh padha lungguh. Kahanan wening ora ana sing ngucap.
Dhik Damayanti, ngenteni wicara apa kang dakudhar, kanthi tanpa rasa pakewuh namatake sing rawuh kagungan kersa arep nglamar putrine. Aku sing kondhang doyan ngomong blangkemen, ilang kabeh apa sing arep dakgunem.
***
Dharmana nyenggol aku amarga weruh bapake kok meneng wae. Yen wani ujar bakal clathu, bapake kok kaya bocah enom diterake nglamar gegayuhane.
“Lho, Bapak sampun tepang Bu Sapta, ta Pak?” ujare Dharmana kanthi nyawang aku.
“Iya, ... iya, Dhar. Karo Bu Sapta, Bapak wis kenal wiwit wektu Bapak isih kuliah.”
“Alhamdulillah, mugi-mugi ndadosaken lancar panyuwun kula.”
"Nyuwun pangapunten, Bu, Dhik Martini wonten pundi.”
“Oh, iya, Nak Dhar, kancanana Martini. Kae lagi nyiapake unjukan.”
Neng ruwang tamu kari aku lan Damayanti.
“Aku ora ngira tenan, Mas.”
“Iya, ya, Dhik, semono uga aku.”
Sakloron wis ora ewuh pekewuh rembugan kaya sedulur raket.
“Mesthine rawuhmu iki kanggo ngawali sasrawungan lan kanggo ngrembug lamaran jejodhoane anakmu lan anakku.”
“Iya,” sauranku cekak.
Dumadakan wae, perihing atiku krasa mungkat maneh. Malah tuwuh gagasan, enake apa dakwurungake wae olehku arep nglamar?
“Mas, sadurunge ngrembug butuhe anak, luwih dhisik aku kepingin madhangake perkara awake dhewe biyen.”
“Lelakon awake dhewe biyen kae pancen peteng, Dhik, lan wis kepungkur adoh. Ora perlu dipadhangake. Miturut aku kok ora ana gunane, malah ngungkat-ungkat tatu lawas.”
“Aku ngerti, Mas. Tekan seprene iki Mas Maryono ing pangiraku mesthi nganggep yen aku biyen cidra ing janji. Senajan piyantun kakung, sedhela utawa wektu kang dawa, aku ngerti yen atimu mesthi nandang perih banget.”
Aku unjal ambegan dawa. Nguwatake ati, nahan tatu lawas. Arep dibukak, arep dibenerake jahitane, apa arep dijupuk samubarang kang isih ketinggalan? Iku gambaran pikiranku.
“Ana apa, Dhik Damayanti mbukak wadi tatu lawas? Pancen ya ngono, kaya pratelanmu,” saurku jujur.
“Kahanan laraning ati, perlu dakaturake, yen satemene iku uga dakrasakake dhek semana, sadurunge aku ngerti larah-larahe, Mas.”
“Sepuluh taun, ... sepuluh taun lawase aku ngrasakake perihing ati, merga rumangsaku penjenengan kok blenjani, Mas,” ucape Damayanti nggregel karo mripate kembeng luh.
“Lho, ... kok ngono, Dhik?” pitakonku mawa rasa kaget.
“Mula aku perlu madhangake perkara, supaya penjenengan karo aku anggone nglantarake jejodhoane anak mengko bisa kepenak.”
Pangucape Damayanti malah ndadekake aku tambah kepingin ngerti.
“Satemene kuwi ana apa, njur kepriye kedadeyane, Dhik?” pitakonku saya nrithik.
***
“Biyen ... seket taun kepungkur satekane ing Pekalongan, aku kepethuk kancane SMP kakangku.”
Damayanti ngunjal ambegan, njur nerusake ngucap, “Ujug-ujug kandha yen pingin jejodhoan karo aku.”
“Jarene wis suwe dheweke naksir aku, nanging durung wani ngomong. Mesthi wae dakwangsuli yen aku wis duwe pacangan, Mas Maryono sing kerja ing Surabaya.”
Damayanti ngunjal ambegan maneh. Let sedhela ...
“Dhek semana ..., dina mbaka dina, minggu mbaka minggu ..., sasi mbaka sasi ... aku tansah ngantu-antu layang saka penjenengan, Mas.”
“Nanging layang iku ora tau teka.”
“Lho, ... aku kirim layang pendhak minggu,” aku munggel dongenge Damayanti kanthi rasa ora trima. Ananging ganti omonganku dipedhot dheweke.
“Mengko dhisik, Mas, dongengku aja njenengan pedhot dhisik. Amarga layang ora tau daktampa, dakcoba kaping telu aku kirim layang marang njenengan, uga ora ana balesan. Nganti telung taun, aku rumangsa lan yakin yen Mas Maryono wis lali karo aku.”
Aku arep motong critane Damayanti, ananging dheweke menehi pratanda aja dipotong dhisik. Aku melu unjal ambegan. Ana kedadeyan apa kok nganti aku sakloron ngalami padha-padha, layang sing ditulis kesingsal ora tekan alamat kang dituju.
Damayanti mbacutake dongenge, “Saking laraning atiku, akhire aku kepeksa nuruti karepe Mas Partana. Kelakon urip jejodhoan, ning bawane ora ana rasa tresna, nganti pitung taun aku ora duwe anak. Pas pinuju libur aku tilik bapak mrene, dikandhani yen wektu iku jare njenengan durung krama. Yen ngono ateges Mas Maryono ora lali karo aku. Malah aku kuwatir yen njenengan pepes atine amarga daktinggal omah-omah. Nanging geneya nganti telung taun lawase ora tau kirim kabar? Dakulur-ulur nalarku, aku lagi sadhar yen Mas Partana iku pegawe Kantor Pos. Aja-aja dheweke biyen ngedhep layang-layange njenengan kanggo aku. Ora sranta aku bali nyang Pekalongan. Mas Partana dakdedhes-dedhes. Ancamanku arep dakgugat nglaporake Polisi kanthi tudhuhan sabotase surat pos. Akhire ngaku, jare nganti telung taun lawase, saben sasi ora kendhat layang penjenengan teka, nanging didhep ora diwenehake aku, malah terus diobong.”
Damayanti katon kaya wong kang lagi getem-getem kemropok, rinasa kaya nembe kedadeyan wae. Aku sing ngrungokake wae melu kemropok. Atiku dak sareh-sarehake .... Kedadeyan wis lawas. Mbok menawa pancen wis dadi lakon pisahing jejodhoanku karo Damayanti. Dhadhaku krasa seseg. Aku ngunjal ambegan dawa lan nata ati ngrungokake dongenge Damayanti.
“Mas Partana dakujar-ujari, dakunen-uneni sakemenge lambeku.”
Damayanti meneng sedhela ....
“Saka serik lan laraning atiku, dina iku uga aku njaluk pegat! Owalah, Mas ..., sepuluh taun lawase batinku tansah ngundamana penjenengan, daksengguh cidra ing janji. Apuranen aku, ya, Mas .....”
Ora kuwat maneh, bendungan luh ambrol .... Damayanti nangis nganti sesenggukan. Tumungkul karo nutupi pasuryan nganggo tlapak tangane.
Aku ora kumecap. Aku melu ngrasa trenyuh lan ana rasa getun ngliputi batinku. Getun wis ndakwa yen dheweke cidra. Getun dene aku biyen kok ora nlesih-nlesih kabar marang bapake ing omah iki. Aku getun dene mung ngendelake layang kang ora nyangka wae ora tekan alamate nganti telung taun. Ya rasa getun iku sing gawe aku njur menyat saka lungguhku, ... njur nyedhak njejeri Damayanti.
***
Rasane aku kepengin ngepuk-epuk saperlu ngarih-arih. Ora dakbacutake niatku .... Dheweke dudu Dhik Damayanti seket taun kepungkur. Sing nang sandhingku iki Bu Sapta, calon besanku. Aku njur menehi warah ben sareh atine.
“Wis, aja nangis, Dhik. Kabeh wis kepungkur adoh, ora perlu diungkat-ungkit maneh.”
“Iya, ... bener ngendikamu, Mas. Aku pancen perlu ngudhar wewadi lawas, amarga sing dakbutuhake pangerten lan pangapuramu.”
“Sawise aku omah-omah karo ibune Dharmana aku nganggep pancen wis kersane Sing Kuwasa kowe dudu jodhoku .... Aku ikhlas ....”
“Apa maneh nampa dongengmu mau, pangapuraku marang sliramu tansah temen metu saka jroning atiku, Dhik.”
Sajake Damayanti wis katon lega atine. Tangane tumenga karo ngelap luh kang ndlewer nang pipine sing wis rada kusut. Sawetara aku bali lungguh ing panggonan sakawit.
“Terusna critamu, Dhik ..., njur Martini iku sejatine anake sapa?”
“Ngene, Mas ..., bubar pegatan, saking keduwungku wis cidra lan salah prasangka marang njenengan, aku niyat ora arep omah-omah maneh. Nanging bareng saya tambah umur aku mikir-mikir, ... mbesuk yen wis tuwa aku arep melu sapa lan sapa sing bakal nyambung lelakonku. Mulane aku omah-omah maneh oleh piyayi kang aran Saptamartaya. Karo Mas Sapta keturutan duwe anak siji nalika aku wis umur 41 taun.”
Damayanti meneng, ndhingkluk sedhela, kanthi ora madhep nyawang aku, nerusake dongenge. Saklebatan katon mripate kembeng-kembeng maneh.
“Wiwit SMP kelas 2, Martini wis kepeksa dadi bocah yatim ditinggal seda bapake.”
Damayanti unjal ambegan maneh. Dheweke katon luwih tatag njur nerusake dongenge.
“Martini kuliah ing kebidhanan, bareng lulus diangkat dadi pegawe Dinas Kesehatan ing Bayat Klaten. Ora perlu mikir dawa, aku melu bali nyang Klaten, ben cedhak karo anakku.”
Damayanti leren guneme, nyawang aku kanthi tajem ngelingake aku marang lageyane dhek semana.
“Lha lelakon njenengan kepriye, Mas?”
“Apa sebabe nganti sepuluh taun wiwit pepisahan kae njenengan kok durung krama? Apa isih terus mikirake aku? Lan mesthi dadi lan sengite marang aku.”
Aku manthuk.
“Nadyan aku ngira kowe cidra, nanging aku isih tansah kelingan kowe. Upama bubar awakmu pegatan biyen awake dhewe bisa ketemu lan oleh penjelasan kaya sing kocritakake mau, mesthi aku bakal tetep nampa sliramu.”
“Aku isin, Mas. Atiku ora tatag, aku ora kuwat nemoni penjenengan.”
Bendungan luhe Damayanti dhadhal maneh .... Tetes - tetes bening runtuh ing pangkone. Iku kang njalari atiku sangsaya keranta-ranta.
“Dhik, ... dhek semana, teka dhog ing Surabaya aku langsung nulis layang marang sliramu. Dakenteni rong minggu, telung minggu, nganti sesasi ora ana balesan. Aku nulis layang maneh. Pendhak rong minggu nulis maneh tetep ora ana balesan. Aku tetep nulis layang pendhak sasi nganti tumekane telung taun, ... tetep ora tau ana balesan. Aku njur mandheg anggone kirim layang, nalika krungu kabar yen sliramu wis omah-omah. Nanging nyatane aku ora bisa nglalekna sliramu. Nganti telulas taun aku nembe rabi. Anakku mung siji thil, iya Dharmana kuwi. Ibune Dharmana ya wis ndhisiki aku, ditimbali Sing Kuwasa. Gandheng anakku tugas neng Sala, aku njur bali mrene. Astagfirullah ... lelakon kok kaya ngene ...? Seket taun pisah, padha dene olehe salah pangerten,” aku nutup dongengku.
“Saiki ketemu wis padha tuweke kaya ngene. Nanging aku wis bisa lega, Mas, amarga njenengan bisa mangerteni kedadeyan sing sabenere. Dakakoni yen aku sing cidra, Mas. Ora liya mung salah ngerti. Dakkira malah penjenengan sing lali karo aku.”
***
Aku unjal ambegan, njur nyambung gunem, “Garising lelakon kudu mengkono, Dhik. Arep kepriye maneh ..., kedadeyan wis kepungkur lan ora bisa dibaleni. Nanging aku uga lega, amarga akhire aku dadi ngerti yen sliramu krama biyen, dudu lali katresnan marang aku, ananging kegawa lelakon urip kang sliramu ora kuwawa nampik. Unggah-ungguhing wong mbangun balewisma, lelakon jerone kaya apa wae katresnan marang pacangane kudu diikhlasake yen ora bisa mawujud dadi sisihane. Awuning katresnan kang wis ora wujud kudu ditata dibangun maneh, digawekake landhesan kang luwih kokoh kang ora cuwil kena ombak, keterak angin lesus, semono uga kena lindhu. Kawujud katresnane marang bojone bisa ora ana kendhate. Lelakon urip manungsa ora bisa tinebak kaya apa lan nganti kapan. Aku saiki wis dhewekan, ... Dhik Damayanti uga wis dhewekan.”
Sithik utawa akeh katresnan lawas wis mletik maneh. Solah bawane Dhik Damayanti mratelani kari ngenteni tembungku, ana niat kang kuwat apa ora mbangun maneh katresnan lawas.   Janjiku marang ibune Dharmana sadurunge kapundhut, ... aku ora lali. Amung wae wektu kang bakal nulis lelakon uripku sabanjure. Kari pasrah wae marang Gusti Allah kang murbeng dumadi.
Aku njur nutugake gunemku, “Saiki ana perkara sing luwih wigati tinimbang lelakon uripe awake dhewe. Perkara bebesanan nuruti panyuwune anakku lan anakmu.”
“Iya, Mas, ... awake dhewe wis dipangan umur. Sanajan wis padha padha dhewekan, obahing ati wis beda karo seket taun kepungkur. Lelakon katresnan awake dhewe luwih becik didadekake lambaran paseduluran antaraning besan. Katresnan awake dhewe kang makantar - kantar dhek wektu semana, ben disambung karo bocah-bocah, Mas,” guneme Damayanti, pratandha polahing atine wis lerem.
“Iya, Dhik, ... dadiya warisan sing ajine ngungkuli raja brana.”
Swasana kang kebak rasa trenyuh, nanging uga rasa asih, ndadekake murup jroning ati. Aku lan Damayanti padha dene anggone ngunjal ambegan, nata ati, madhangake pikir, lan ngandelake rasa ikhlas mendhem lelakon lawas.
Dharmana lan Martini bali nyang ruang tamu ngaturake unjukan lan camilan.
“Iki Martini, anakku, Mas,” Damayanti ngenalna.
Martini mesem karo ngambung tanganku.
“Dhar, ... kok pinter kowe milih calon sisihan?” alokku karo guyon.
Wong papat ngguyu bareng, gawe swasana dadi padhang.
Sakawit niat amung arep tetepungan lan ngrancang rencana nglakoni adat nglamar, mlumpat ora ngenteni nggawa brayat. Aku langsung nembung Martini daksuwun dadi sisihane Dharmana. Rerembugan malah nganti dimupakati dina kalaksananing sedya.
Sarampunge rembug ...
“Dhik, awake dhewe kudu nyukuri, dene awake dhewe isih tetep diraketake sajroning mecaki sisaning umur kanthi awake dhewe dadi ibu lan bapake anakku lan anakmu. Perkara anak wis padha sepakat, prithilan-prithilan kekurangane bisa dirembug liya dina. Dakkira, sowanku mrene dina iki wis cukup. Liya dina bisa nerusake sambung silaturahmi kanggo ngraketake paseduluran. Aku wis wayahe nyuwun pamit.”
“Inggih, Mas, ... matur sembah nuwun rawuhe.”
Dina iki rasane kaya ketiban ndaru. Ora mung rampung perkarane bocah-bocah, ananging uga rampung mosak-masiking batinku. Rasane wis padhang, lan nguwatake langkah anggonku nglakoni sisaning urip.
Tanganku dakulungake, digegem lan diambungi, persis kaya patrape biyen pinuju arep pepisahan. Tanganku daktarik ....
“Muga-muga kaparingan dalan padhang uga lancar samubarange, ya, Dhik.”
Sejatine yen mung nuruti katresnan lawas kang krasa murup maneh, ora dadi masalah. Sing dakkuwatirake malah bakal mbubarake balewisma sing arep dibangun Dharmana lan Martini. Aku bisa cidra janji. Saperlu medhot mosak-masiking ati, lan njaga aja nganti ndadekake owahing pikir janji marang ibune Dharmana sadurunge katimbalan Gusti. Janji yen aku ora bakal omah-omah maneh.
Aku lan Dharmana pamit mulih. Sajroning lumaku mulih, bola-bali aku unjal ambegan. Aku ngalamun nggagas lelakone anakku lan anake Damayanti.
Batinku nguwuh ....
“Owalah, Ngger ... kowe nampa warisan katresnan saka wong tuwamu. Muga-muga dadiya sanguning laku anggonmu bakal mbangun balewisma.

*)    Crita iki diundhuh saka grup WA RT, sing dikirim dadi 6 perangan dening Pak Fatchun Hasyim. Manut pratelane, crita iki sumbere saka Bapak Sudarsono, Suwatu, Sragen.


Share:

Asmaradana (Mengenang Guru Budi)

Lelakonira Pak Budi
Satriyeng Sampang Madura
Maksih timur ing yuswané
Ndungkap pitulikur warsa
Wus nemahi palastra
Tan wurung agawé ngungun
Sagung kang para nupiksa

Ing pawiyatan lumadi
Nggegulang mring para siswa
Nora mbejaji opahe
Tan misra kinarya blanja
Nggenira nambut karya
Gunggung patang atus èwu
Bebungah ing saben candra

Prastawa ing Kemis Pahing
Patbelas Jumadilawal
Sèket siji ing tauné
Andika manggih prahara
Jroning ngayahi karya
Siswa tan wedi bebendu
Nyikara sariranira

Tan wurung tumekeng pati
Sira nilarken sang garwa
Lan putra kakandhut nembé
Udakara panca candra
Wohing katresnanira
Tetawang tangis puniku
Sesambat mring Hyang Kawasa

Muga lelakon puniki
Dadya piwulang kang nyata
Kinen minangka pangilon
Tumrap sagung pra sarjana
Pangarsa pangreh praja
Gya sami cancut gumregut
Memetri luhuring bangsa


_Semawis, 24022018_
Share:

Jumat, 02 Februari 2018

Pagi

PAGI
oleh: Kang Gw



Semalam utuh aku tidur
Sambil mendengkur atau bermimpi
Tahu-tahu sudah pagi

Semalam suntuk aku bermain kartu
Remi gaple atau ceki
Tiba-tiba sudah pagi

Sebagian malam aku bermunajat
Lewat sembahyang atau mengaji
Pun akhirnya berjumpa pagi

Sekeping malam aku menulis
Prosa drama atau puisi
Tak terasa kujemput pagi

Tidurku hangus diusir pagi
Kartuku lusuh dilipat pagi
Munajatku membubung mendaki pagi
Tulisanku terpahat menghias pagi
Semua usai dilibas pagi

Dengkur dan mimpi lenyap sisakan sunyi
Remi gaple dan ceki tersimpan rapat di laci
Sembahyang dan mengaji abadi tenteramkan hati
Prosa drama dan puisi menjelma literasi

Selalu saja pagi datang malam pun sirna
Menolak hukum Ilahi tiada kuasa
Terserah aku pilih mana
Terlena puas semalam sahaja
Atau sisihkan sejenak untuk berkarya

Bekaje, 20180123
Share:

Tembe Krasa #3 (Cerkak)

Ora krasa wis kliwat Nguter. Nyumurupi plengkung “Selamat Datang” ing gapura kikis kabupatèn, kaya disengkakaké anggoné Pak Didik...

Translate

Wikipedia

Hasil penelusuran

dari Catatan Kang Gw

dari Bale Sinau

Teman Pantulkit