Saben liwat stasiun sepur
Ketandan, atiku krasa sumedhot. Iku biyen stasiun cilik. Bareng angkutan bis
saya rame, stasiun sing mung cilik iku wis ora pati piguna, awit arang banget
wong nyepur munggah-mudhun ing kono. Mula banjur ditutup, diganti palang sepur.
Nadyan mangkono, papan iku tetep
nyanthel lelakon lawas jroning uripku. Biyen watara seketan taun kepungkur,
saben dina aku ngambah stasiun kono. Esuk bubar subuh wis mangkat saka ngomah
njujug stasiun, terus numpak sepur menyang Sala, sekolah. Awan jam setengah
telu mulih saka sekolah mudhun stasiun kono, terus numpak sepedha mulih, tekan
ngomah wis meh jam telu. Mangkono iku nganti wolung taun, wiwit klas siji SMA
nganti lulus sarjana.
Ana lelakon sing luwih tumabet ing
atiku. Nalika aku wis kuliyah tingkat telu, ana bocah wadon sekolah uga nglaju
numpak sepur. Jenenge Damayanti, sekolah ing SGA. Saben esuk ketemu ing
stasiun, jagongan pating glenik karo ngenteni tekane sepur, diterusake lungguh
jejer ing njero sepur. Awane bareng nyepur maneh mulih saka sekolah. Nganti
telung taun.
Ora mokal yen ati kang isih padha
enome banjur kaiket ing rasa tresna. Wong loro wis sepakat bakal urip
bebarengan mbangun balewisma. Mung gandheng durung kerja, aku durung wani
nglamar marang wong tuwane.
Begjane awak dhek semana, wong
loro meh bareng diangkat dadi pegawe. Emane kok adoh wangune. Aku ketampa ing
Surabaya, dene dheweke diangkat dadi guru ing Pekalongan. Isih gawang-gawang
kelingan patemonku kang pungkasan sadurunge pisah. Dheweke dakterake njupuk
surat pengangkatan menyang sekolahane. Mulihe wis jam 7.30 bengi.
Ing ngarep stasiun cilik kang sepi
iku, dheweke ngrangkul aku kenceng banget karo sambat memelas, “Mas, bakale pisah
adoh. Saiba kagete ati iki. Daksuwun Mas aja kendhat kirim layang pendhak sasi,
kanggo tamba kangening ati.”
“Iya, Dhik,” sauranku karo ngaras
rambute.
“Muga-muga ora kesuwen enggal bisa
urip kumpul saomah.”
“Dakarep-arep lamaranmu, Mas.”
Tanganku digegem kenceng,
diambungi, banjur padha pepisahan nggawa ati kebak katresnan.
Nanging bareng wis adoh papane,
ora ngira dheweke jebul terus lali karo aku. Saben sasi aku kirim layang kaya
penjaluke, nanging ora tau ana balesane. Nganti telung taun. Nganti sing
pungkasan aku krungu kabar yen dheweke wis omah-omah.
Laraning atiku isih tumabet nganti
seprene, sawise setengah abad kepungkur, awit saka gedhene tresnaku marang
dheweke. Mula kala-kala aku merlokake jajan soto ing warung cedhak palang tilas
stasiun iku. Mung kepingin ngeling-eling endahe lelakon jaman sekolah langganan
sepur bareng karo Dhik Damayanti biyen.
Kala-kala ati iki kepingin ketemu.
Kepingin ngerti kahanan saiki. Nanging aku babar pisan ora mangerteni ing
ngendi papan dununge saiki. Malah aku ora ngerti wektu iki isih urip apa wis
ora ana. Aku apal banget, yen isih urip, wektu iki umure wis sewidak papat
taun, limang taun sak adhiku.
Saiki wis padha tuwa. Umpama
ketemu ya mung arep padha seduluran. Perkara lakon katresnan, ganti anakku sing
sedhenge nglakoni.
***
Nembe wae anakku matur, njaluk
dilamarake bocah ing Desa Sumyang, anake Bu Sapta. Kanthi rasa dheg-dheg plas,
sangertiku iku rak desane Dhik Damayanti biyen. Eling lelakonku dhewe sing ora
nyenengake, aku ora kepingin ngulur-ulur wektu. Mundhak mrucut kaya awakku
biyen. Enggal wae aku golek dina bisane lumaku arep nemoni Bu Sapta, saperlu
negesake sasrawungan kanggo lantaran nglamar anake wadon Martini.
Milang-miling kahanan Desa Sumyang
saiki dalane wis alus diaspal. Taman-taman turut dalan katon asri temata.
Nanging aku isih apal dalan-dalan 50 taun kepungkur.
Takon-takon omahe Bu Sapta, bareng
ketemu aku kaget. Iki rak omahe bapake Dhik Damayanti biyen kae. Aja-aja Bu Sapta iku adhine, sing ngenggoni tilas
omahe bapake. Yen ngono tenan, kebeneran bisa takon kepriye kabare Dhik
Damayanti wektu iki.
Aku nothok lawang karo uluk salam,
“Assalamu `alaikum ....”
Ora ana sing semaur.
“Kula nuwun ...” dakbaleni uluk
salam.
Keprungu wangsulan saka njero,
karo mlaku rada kesusu, “Wa`alaikum salaaam .... Mangga, sekedhap.”
Let sedhela lawang dibukak.
Mak jegagig ... sakala aku kaget ...
njinggleng nyawang wong wadon sing ngadeg mbukakake lawang. Mripatku bola bali
tak meremake ... apa ora salah piyantun putri sing ana ngarepku? Plek, ... plek
tenan karo Dhik Damayanti .... Aku rada pangling karo pangeling-elingku. Semono
uga piyantun putri sing mbukakake lawang katon kaget, kamitenggengen nyawang
aku.
“Nuwun sewu, punapa penjenengan Dhik
Damayanti?”
Nggugah lan mbiyak kahanan sing
padha njinggleng sawang sinawang.
“Mas ... Mas Mar ... yo ... no ...?”
kanthi groyok mangsuli pitakonku.
“Iya ..., iki aku Damayanti, Mas,”
negesake sapa sing lagi mbagekake tekaku.
“Sing rawuh mrene kok penjenengan,
Mas?”
Aku lan Dharmana mbaleni uluk
salam, “Assalamu `alaikum.”
“Wa`alaikum salam .... Mangga, ...
mangga pinarak.”
“Apa Nak Dharmana iku putramu, Mas?”
“Iya, Dhik.” aku mesthekake yen
Dharmana iku anakku.
Kabeh padha lungguh. Kahanan
wening ora ana sing ngucap.
Dhik Damayanti, ngenteni wicara apa
kang dakudhar, kanthi tanpa rasa pakewuh namatake sing rawuh kagungan kersa
arep nglamar putrine. Aku sing kondhang doyan ngomong blangkemen, ilang kabeh
apa sing arep dakgunem.
***
Dharmana nyenggol aku amarga weruh
bapake kok meneng wae. Yen wani ujar bakal clathu, bapake kok kaya bocah enom
diterake nglamar gegayuhane.
“Lho, Bapak sampun tepang Bu Sapta,
ta Pak?” ujare Dharmana kanthi nyawang aku.
“Iya, ... iya, Dhar. Karo Bu Sapta,
Bapak wis kenal wiwit wektu Bapak isih kuliah.”
“Alhamdulillah, mugi-mugi
ndadosaken lancar panyuwun kula.”
"Nyuwun pangapunten, Bu, Dhik
Martini wonten pundi.”
“Oh, iya, Nak Dhar, kancanana
Martini. Kae lagi nyiapake unjukan.”
Neng ruwang tamu kari aku lan
Damayanti.
“Aku ora ngira tenan, Mas.”
“Iya, ya, Dhik, semono uga aku.”
Sakloron wis ora ewuh pekewuh
rembugan kaya sedulur raket.
“Mesthine rawuhmu iki kanggo
ngawali sasrawungan lan kanggo ngrembug lamaran jejodhoane anakmu lan anakku.”
“Iya,” sauranku cekak.
Dumadakan wae, perihing atiku
krasa mungkat maneh. Malah tuwuh gagasan, enake apa dakwurungake wae olehku
arep nglamar?
“Mas, sadurunge ngrembug butuhe
anak, luwih dhisik aku kepingin madhangake perkara awake dhewe biyen.”
“Lelakon awake dhewe biyen kae
pancen peteng, Dhik, lan wis kepungkur adoh. Ora perlu dipadhangake. Miturut
aku kok ora ana gunane, malah ngungkat-ungkat tatu lawas.”
“Aku ngerti, Mas. Tekan seprene
iki Mas Maryono ing pangiraku mesthi nganggep yen aku biyen cidra ing janji. Senajan
piyantun kakung, sedhela utawa wektu kang dawa, aku ngerti yen atimu mesthi
nandang perih banget.”
Aku unjal ambegan dawa. Nguwatake
ati, nahan tatu lawas. Arep dibukak, arep dibenerake jahitane, apa arep dijupuk
samubarang kang isih ketinggalan? Iku gambaran pikiranku.
“Ana apa, Dhik Damayanti mbukak
wadi tatu lawas? Pancen ya ngono, kaya pratelanmu,” saurku jujur.
“Kahanan laraning ati, perlu dakaturake,
yen satemene iku uga dakrasakake dhek semana, sadurunge aku ngerti larah-larahe,
Mas.”
“Sepuluh taun, ... sepuluh taun
lawase aku ngrasakake perihing ati, merga rumangsaku penjenengan kok blenjani, Mas,”
ucape Damayanti nggregel karo mripate kembeng luh.
“Lho, ... kok ngono, Dhik?”
pitakonku mawa rasa kaget.
“Mula aku perlu madhangake
perkara, supaya penjenengan karo aku anggone nglantarake jejodhoane anak mengko
bisa kepenak.”
Pangucape Damayanti malah ndadekake
aku tambah kepingin ngerti.
“Satemene kuwi ana apa, njur
kepriye kedadeyane, Dhik?” pitakonku saya nrithik.
***
“Biyen ... seket taun kepungkur
satekane ing Pekalongan, aku kepethuk kancane SMP kakangku.”
Damayanti ngunjal ambegan, njur
nerusake ngucap, “Ujug-ujug kandha yen pingin jejodhoan karo aku.”
“Jarene wis suwe dheweke naksir
aku, nanging durung wani ngomong. Mesthi wae dakwangsuli yen aku wis duwe
pacangan, Mas Maryono sing kerja ing Surabaya.”
Damayanti ngunjal ambegan maneh. Let
sedhela ...
“Dhek semana ..., dina mbaka dina,
minggu mbaka minggu ..., sasi mbaka sasi ... aku tansah ngantu-antu layang saka
penjenengan, Mas.”
“Nanging layang iku ora tau teka.”
“Lho, ... aku kirim layang pendhak
minggu,” aku munggel dongenge Damayanti kanthi rasa ora trima. Ananging ganti
omonganku dipedhot dheweke.
“Mengko dhisik, Mas, dongengku aja
njenengan pedhot dhisik. Amarga layang ora tau daktampa, dakcoba kaping telu
aku kirim layang marang njenengan, uga ora ana balesan. Nganti telung taun, aku
rumangsa lan yakin yen Mas Maryono wis lali karo aku.”
Aku arep motong critane Damayanti,
ananging dheweke menehi pratanda aja dipotong dhisik. Aku melu unjal ambegan. Ana
kedadeyan apa kok nganti aku sakloron ngalami padha-padha, layang sing ditulis
kesingsal ora tekan alamat kang dituju.
Damayanti mbacutake dongenge, “Saking
laraning atiku, akhire aku kepeksa nuruti karepe Mas Partana. Kelakon urip
jejodhoan, ning bawane ora ana rasa tresna, nganti pitung taun aku ora duwe
anak. Pas pinuju libur aku tilik bapak mrene, dikandhani yen wektu iku jare
njenengan durung krama. Yen ngono ateges Mas Maryono ora lali karo aku. Malah
aku kuwatir yen njenengan pepes atine amarga daktinggal omah-omah. Nanging
geneya nganti telung taun lawase ora tau kirim kabar? Dakulur-ulur nalarku, aku
lagi sadhar yen Mas Partana iku pegawe Kantor Pos. Aja-aja dheweke biyen
ngedhep layang-layange njenengan kanggo aku. Ora sranta aku bali nyang
Pekalongan. Mas Partana dakdedhes-dedhes. Ancamanku arep dakgugat nglaporake
Polisi kanthi tudhuhan sabotase surat pos. Akhire ngaku, jare nganti telung
taun lawase, saben sasi ora kendhat layang penjenengan teka, nanging didhep ora
diwenehake aku, malah terus diobong.”
Damayanti katon kaya wong kang
lagi getem-getem kemropok, rinasa kaya nembe kedadeyan wae. Aku sing ngrungokake
wae melu kemropok. Atiku dak sareh-sarehake .... Kedadeyan wis lawas. Mbok
menawa pancen wis dadi lakon pisahing jejodhoanku karo Damayanti. Dhadhaku
krasa seseg. Aku ngunjal ambegan dawa lan nata ati ngrungokake dongenge
Damayanti.
“Mas Partana dakujar-ujari,
dakunen-uneni sakemenge lambeku.”
Damayanti meneng sedhela ....
“Saka serik lan laraning atiku,
dina iku uga aku njaluk pegat! Owalah, Mas ..., sepuluh taun lawase batinku tansah
ngundamana penjenengan, daksengguh cidra ing janji. Apuranen aku, ya, Mas
.....”
Ora kuwat maneh, bendungan luh
ambrol .... Damayanti nangis nganti sesenggukan. Tumungkul karo nutupi pasuryan
nganggo tlapak tangane.
Aku ora kumecap. Aku melu ngrasa
trenyuh lan ana rasa getun ngliputi batinku. Getun wis ndakwa yen dheweke
cidra. Getun dene aku biyen kok ora nlesih-nlesih kabar marang bapake ing omah
iki. Aku getun dene mung ngendelake layang kang ora nyangka wae ora tekan
alamate nganti telung taun. Ya rasa getun iku sing gawe aku njur menyat saka
lungguhku, ... njur nyedhak njejeri Damayanti.
***
Rasane aku kepengin ngepuk-epuk
saperlu ngarih-arih. Ora dakbacutake niatku .... Dheweke dudu Dhik Damayanti
seket taun kepungkur. Sing nang sandhingku iki Bu Sapta, calon besanku. Aku
njur menehi warah ben sareh atine.
“Wis, aja nangis, Dhik. Kabeh wis
kepungkur adoh, ora perlu diungkat-ungkit maneh.”
“Iya, ... bener ngendikamu, Mas. Aku
pancen perlu ngudhar wewadi lawas, amarga sing dakbutuhake pangerten lan
pangapuramu.”
“Sawise aku omah-omah karo ibune
Dharmana aku nganggep pancen wis kersane Sing Kuwasa kowe dudu jodhoku .... Aku
ikhlas ....”
“Apa maneh nampa dongengmu mau,
pangapuraku marang sliramu tansah temen metu saka jroning atiku, Dhik.”
Sajake Damayanti wis katon lega
atine. Tangane tumenga karo ngelap luh kang ndlewer nang pipine sing wis rada
kusut. Sawetara aku bali lungguh ing panggonan sakawit.
“Terusna critamu, Dhik ..., njur
Martini iku sejatine anake sapa?”
“Ngene, Mas ..., bubar pegatan,
saking keduwungku wis cidra lan salah prasangka marang njenengan, aku niyat ora
arep omah-omah maneh. Nanging bareng saya tambah umur aku mikir-mikir, ...
mbesuk yen wis tuwa aku arep melu sapa lan sapa sing bakal nyambung lelakonku.
Mulane aku omah-omah maneh oleh piyayi kang aran Saptamartaya. Karo Mas Sapta
keturutan duwe anak siji nalika aku wis umur 41 taun.”
Damayanti meneng, ndhingkluk sedhela,
kanthi ora madhep nyawang aku, nerusake dongenge. Saklebatan katon mripate
kembeng-kembeng maneh.
“Wiwit SMP kelas 2, Martini wis
kepeksa dadi bocah yatim ditinggal seda bapake.”
Damayanti unjal ambegan maneh. Dheweke
katon luwih tatag njur nerusake dongenge.
“Martini kuliah ing kebidhanan,
bareng lulus diangkat dadi pegawe Dinas Kesehatan ing Bayat Klaten. Ora perlu
mikir dawa, aku melu bali nyang Klaten, ben cedhak karo anakku.”
Damayanti leren guneme, nyawang
aku kanthi tajem ngelingake aku marang lageyane dhek semana.
“Lha lelakon njenengan kepriye, Mas?”
“Apa sebabe nganti sepuluh taun
wiwit pepisahan kae njenengan kok durung krama? Apa isih terus mikirake aku? Lan
mesthi dadi lan sengite marang aku.”
Aku manthuk.
“Nadyan aku ngira kowe cidra,
nanging aku isih tansah kelingan kowe. Upama bubar awakmu pegatan biyen awake
dhewe bisa ketemu lan oleh penjelasan kaya sing kocritakake mau, mesthi aku
bakal tetep nampa sliramu.”
“Aku isin, Mas. Atiku ora tatag,
aku ora kuwat nemoni penjenengan.”
Bendungan luhe Damayanti dhadhal
maneh .... Tetes - tetes bening runtuh ing pangkone. Iku kang njalari atiku
sangsaya keranta-ranta.
“Dhik, ... dhek semana, teka dhog
ing Surabaya aku langsung nulis layang marang sliramu. Dakenteni rong minggu,
telung minggu, nganti sesasi ora ana balesan. Aku nulis layang maneh. Pendhak
rong minggu nulis maneh tetep ora ana balesan. Aku tetep nulis layang pendhak sasi
nganti tumekane telung taun, ... tetep ora tau ana balesan. Aku njur mandheg
anggone kirim layang, nalika krungu kabar yen sliramu wis omah-omah. Nanging
nyatane aku ora bisa nglalekna sliramu. Nganti telulas taun aku nembe rabi. Anakku
mung siji thil, iya Dharmana kuwi. Ibune Dharmana ya wis ndhisiki aku,
ditimbali Sing Kuwasa. Gandheng anakku tugas neng Sala, aku njur bali mrene. Astagfirullah
... lelakon kok kaya ngene ...? Seket taun pisah, padha dene olehe salah
pangerten,” aku nutup dongengku.
“Saiki ketemu wis padha tuweke
kaya ngene. Nanging aku wis bisa lega, Mas, amarga njenengan bisa mangerteni
kedadeyan sing sabenere. Dakakoni yen aku sing cidra, Mas. Ora liya mung salah
ngerti. Dakkira malah penjenengan sing lali karo aku.”
***
Aku unjal ambegan, njur nyambung
gunem, “Garising lelakon kudu mengkono, Dhik. Arep kepriye maneh ..., kedadeyan
wis kepungkur lan ora bisa dibaleni. Nanging aku uga lega, amarga akhire aku
dadi ngerti yen sliramu krama biyen, dudu lali katresnan marang aku, ananging
kegawa lelakon urip kang sliramu ora kuwawa nampik. Unggah-ungguhing wong
mbangun balewisma, lelakon jerone kaya apa wae katresnan marang pacangane kudu
diikhlasake yen ora bisa mawujud dadi sisihane. Awuning katresnan kang wis ora
wujud kudu ditata dibangun maneh, digawekake landhesan kang luwih kokoh kang
ora cuwil kena ombak, keterak angin lesus, semono uga kena lindhu. Kawujud
katresnane marang bojone bisa ora ana kendhate. Lelakon urip manungsa ora bisa
tinebak kaya apa lan nganti kapan. Aku saiki wis dhewekan, ... Dhik Damayanti
uga wis dhewekan.”
Sithik utawa akeh katresnan lawas
wis mletik maneh. Solah bawane Dhik Damayanti mratelani kari ngenteni tembungku,
ana niat kang kuwat apa ora mbangun maneh katresnan lawas. Janjiku marang ibune Dharmana sadurunge
kapundhut, ... aku ora lali. Amung wae wektu kang bakal nulis lelakon uripku
sabanjure. Kari pasrah wae marang Gusti Allah kang murbeng dumadi.
Aku njur nutugake gunemku, “Saiki
ana perkara sing luwih wigati tinimbang lelakon uripe awake dhewe. Perkara
bebesanan nuruti panyuwune anakku lan anakmu.”
“Iya, Mas, ... awake dhewe wis
dipangan umur. Sanajan wis padha padha dhewekan, obahing ati wis beda karo
seket taun kepungkur. Lelakon katresnan awake dhewe luwih becik didadekake
lambaran paseduluran antaraning besan. Katresnan awake dhewe kang makantar -
kantar dhek wektu semana, ben disambung karo bocah-bocah, Mas,” guneme
Damayanti, pratandha polahing atine wis lerem.
“Iya, Dhik, ... dadiya warisan
sing ajine ngungkuli raja brana.”
Swasana kang kebak rasa trenyuh,
nanging uga rasa asih, ndadekake murup jroning ati. Aku lan Damayanti padha
dene anggone ngunjal ambegan, nata ati, madhangake pikir, lan ngandelake rasa
ikhlas mendhem lelakon lawas.
Dharmana lan Martini bali nyang
ruang tamu ngaturake unjukan lan camilan.
“Iki Martini, anakku, Mas,”
Damayanti ngenalna.
Martini mesem karo ngambung
tanganku.
“Dhar, ... kok pinter kowe milih
calon sisihan?” alokku karo guyon.
Wong papat ngguyu bareng, gawe
swasana dadi padhang.
Sakawit niat amung arep tetepungan
lan ngrancang rencana nglakoni adat nglamar, mlumpat ora ngenteni nggawa
brayat. Aku langsung nembung Martini daksuwun dadi sisihane Dharmana. Rerembugan
malah nganti dimupakati dina kalaksananing sedya.
Sarampunge rembug ...
“Dhik, awake dhewe kudu nyukuri,
dene awake dhewe isih tetep diraketake sajroning mecaki sisaning umur kanthi
awake dhewe dadi ibu lan bapake anakku lan anakmu. Perkara anak wis padha
sepakat, prithilan-prithilan kekurangane bisa dirembug liya dina. Dakkira, sowanku
mrene dina iki wis cukup. Liya dina bisa nerusake sambung silaturahmi kanggo
ngraketake paseduluran. Aku wis wayahe nyuwun pamit.”
“Inggih, Mas, ... matur sembah
nuwun rawuhe.”
Dina iki rasane kaya ketiban
ndaru. Ora mung rampung perkarane bocah-bocah, ananging uga rampung mosak-masiking
batinku. Rasane wis padhang, lan nguwatake langkah anggonku nglakoni sisaning
urip.
Tanganku dakulungake, digegem lan
diambungi, persis kaya patrape biyen pinuju arep pepisahan. Tanganku daktarik ....
“Muga-muga kaparingan dalan
padhang uga lancar samubarange, ya, Dhik.”
Sejatine yen mung nuruti katresnan
lawas kang krasa murup maneh, ora dadi masalah. Sing dakkuwatirake malah bakal
mbubarake balewisma sing arep dibangun Dharmana lan Martini. Aku bisa cidra
janji. Saperlu medhot mosak-masiking ati, lan njaga aja nganti ndadekake
owahing pikir janji marang ibune Dharmana sadurunge katimbalan Gusti. Janji yen
aku ora bakal omah-omah maneh.
Aku lan Dharmana pamit mulih.
Sajroning lumaku mulih, bola-bali aku unjal ambegan. Aku ngalamun nggagas
lelakone anakku lan anake Damayanti.
Batinku nguwuh ....
“Owalah, Ngger ... kowe nampa
warisan katresnan saka wong tuwamu. Muga-muga dadiya sanguning laku anggonmu
bakal mbangun balewisma.
*) Crita iki diundhuh saka
grup WA RT, sing dikirim dadi 6 perangan dening Pak Fatchun Hasyim. Manut pratelane,
crita iki sumbere saka Bapak Sudarsono, Suwatu, Sragen.
Sumedot rasa ning ati.
BalasHapus