mengasah keterampilan merajut kata menyulam cipta

Kamis, 23 Januari 2020

Tembe Krasa #2 (Cerkak)


“Iki mau kaya-kaya dituntun Pengéran, lho, Pak,” clathune Pak Nèndy mbadharaké anggonku nglamun. “Ngéling-éling wiwit seka Semarang nganti tekan Mbawara, sing kèlingan mung huruf i-i,” Pak Nèndy mbacutaké kojahé.

Nalika anyaran dadi tanggaku biyèn, Pak Nèndy lan garwané sanja ing omahku. Putrané loro isih cilik-cilik uga ndhèrèk. Perluné tetepungan. Jebul Bu Nèndy pyayi Banyubiru, tangga kecamatan karo Ambarawa. Mulané, bojoku banjur crita yèn duwé sedulur ing Ambawara. Désané Mlilir.

Pawitan ancer-ancer iku, tuwuh tékadé Pak Nèndy. Mobil loro sing wis samekta ngangkut tangga teparo nuli rerikatan budhal. Minibus Hijet putih kagungane Pak Eko, ya Pak RT, ditumpaki wong wolu. Pak Edy pinitaya nyopiri. Déné sédhan Subaru abang kagungané Pak Didik mung diisi wong loro: Pak Nèndy karo Pak Didik dhéwé. Ing pangajap, yèn kelakon ketemu, aku lan anak bojoku nunut pisan.

Kocapa, sadawaning dalan Semarang-Ambarawa, Pak Nèndy ora kasil ngéling-éling jenengé désa sing bakal dituju. Jeneng Mlilir sida mrucut saka angen-angené. Mobil loro mandheg ing ngarep pasar Ambarawa. Pasar Projo, kaceluké. Pak Nèndy mudhun. Sing dijujug, tukang ojèk.

“Nuwun sèwu, Mas,” Pak Nèndy mbukak wicara marang tukang ojèk sing lagi jégang ing sadhel pit montoré. “Kula niki ajeng madosi sedhèrèk teng dhaérah Mbarawa mriki. Ning kula kesupèn nami désané. Namung émut jenengé niku ngangge i-i ngoten. Lha niku désa napa?”

“I-i?” tukang ojèk semaur karo mikir. Sirahé ndhangak semu méngo. Pilingané dithithiki nganggo pucukané driji panunggul. Bathuké diwiru. “Oh, mbok menawi Mlilir niku, Pak,” sambungé.

“Nah, Mlilir!” Pak Nèndy mbengok banter, nyigeg aturé tukang ojèk. Sangking bungahé. “Lha nèk mergi teng Mlilir niku pundi?” pitakoné Pak Néndy sabanjuré.

“Nggih niki empun leres. Nurut mergi niki teras mawon. Mengké ènten pertigaan, lurus mawon. Ampun nganan. Bar sabin-sabin ènten sendhang. Kanan jalan. Lha bar sendhang niku empun mlebet Mlilir,” tukang ojèk awèh katrangan karo tangané acung-acung.

Rumangsa wis éntuk pituduh, Pak Didik nuli mancal gas nglakokaké sédhané. Dalané ciyut tur nanjak rada ndedel. Hijet lan penumpangé ditinggal ing pratelon ngarep pasar. Kajaba ngirit laku, uga ngemu karep nyegat aku. Gèk-gèk wis ketrucut bali, ketlisiban karo mobil sing munggah.

Durung watara adoh saka pangkalan ojèk, Pak Didik ngendhegaké lakuné Subaru. Pak Nèndy dikon mudhun, nawani nunutan marang wong wadon sing lagi waé dilancangi.

“Jajal embahé kuwi ditawani, Pak. Nèk gelem, dijak bareng. Mesakké, blanjané abot,” akoné Pak Didik.

Sing dipréntah nuli mbukak lawang, mudhun, banjur nyaketi embah-embah sing mlaku ing saburiné mobil. Lakuné gremat-gremet. Nggéndhong senik ing gegeré sing semu wungkuk. Tangané kiwa-tengen isih nyangking bagor cilik-cilik.

“Konduré teng pundi, Mbah? Ngga sareng mawon, nitih mobil niki, nggih?” aruh-aruhé Pak Nèndy.

“Teng Mlilir, Nak. Lha ndika ajeng tindak pundi?”

“Lhah, keleresan. Mbah. Kula niki nggih ajeng teng Mlilir. Empun, ngga sareng mawon. Kajengé énggal dugi nggriya.”

Pak Nèndy nuli nyaut bagor sing dicangking Simbah. Loro pisan. Dilebokaké ing mobil. Simbah ngudhari suwelan sléndhang sing kanggo nggéndhong senik. Sadurungé diudhunaké saka geger, senik dicandhak Pak Nèndy.

“Empun, Simbah minggah riyin,” aturé Pak Nèndy.

Simbah munggah, mlebu ing mobil. Lungguh ing buriné Pak Didik sing ngasta setir. Bakda nglebokaké senik, Pak Nèndy nututi munggah banjur nutup lawang mobil.

Saiki lungguhé ora njèjèri Pak Didik ing kabin ngarep. Alihan ing kabin buri, jèjèr penumpang sing nembé ditemu. Ana pamrihé. Pak Nèndy blaka, durung genah dhodhok sèlèhé pyayi sing arep disowani. Mula banjur golèk sisik melik.

“Nuwun sèwu nggih, Mbah. Napa ten Mlilir niku ènten pyantun sing asliné seking Klaten? Guru, nèk boten lepat.”

“O, nèk ten kampung kula, Kauman, niku ènten. Garwané Pak Guru Maryono. Bu Maryono niku asliné tiyang Klaten. Nggih dados guru. Lha sing ajeng dipadosi niku kampung pundi? Wong Mlilir niku kampungé kathah.”

“Lha niku, Mbah. Kula ngertosé nggih namung Mlilir ngoten. Boten mudheng kampung napa,” wangsulané Pak Nèndy, “Empun ngèten mawon. Mengké nyuwun tulung kula dituduhké dalemé Pak Maryono niku. Bar niku mengké Simbah kula dhèrèkké kondur.”

“Lha nggih kula mengké mandhap nggèné Pak Guru mawon. Wong griya kula caket kalih mriku,” semauré Simbah.

“O, lha malah dhawah ngleresi nèk ngoten.”

“Boten, jan-jané ndika niku ènten perlu napa ta, Nak?” pitakoné Simbah sajak gumun semu sujana.

“Anu, Mbah. Kula niki nglari tanggi. Semarang mrika dalemé. Wingi pamit ajeng tuwi sedhèrèké teng Mlilir mriki. Lha sing èstri niku asliné pyantun Klaten. Mila, penginten kula sedhèrèké niku nggih seking Klaten.”

“Lha kok ndadak disusul? Ènten wigati napa?”

“Niki wau angsal kabar lelayu seking keluwargané sing kakung. Subuh énjing wau bapaké tilar.”

“Innā lillāhi wa innā ilaihi rāji’ūn. Lajeng griyané bapaké niku pundi, Nak?”

“Praci, Mbah. Dhaérah Wonogiri mrika. Solo ngidul.”

“Yuuuh, mugi-mugi leres Bu Maryono niku, Nak, sedhèrèké sing dituwèni. Biyuh, gèk méndah kaya ngapa kagèté engko? Oh, mengké ngajeng mesjid nika bélok nengen, nggih Nak.”

“Mesjid sing ketingal nika, Mbah?” pitakoné Pak Didik miterang karo nuding makutha mesjid sing wis katon. Udakara satus mèter sangarepé.

“Nggih, cet ijo niku.”

Pak Didik nguntir setang nengen. Sédhan mbélok mlebu gang cilik. Dalané isih lemah diurug ing wedhi. Sanajan ora aspalan, sajaké lumayan madhet. Diambah ban mobil ora ambles.

“Tesih tebih, Mbah?” Pak Didik takon.

“Boten. Empun caket niki. Namung ngajeng mriku sekedhik,” Simbah semaur, “Lha niku, griyané empun ketingal gendhèngé. Yuh, mugi-mugi saèstu kepanggih sing digolèki, nggih Nak.”

Tangané Simbah nuding omah témbok mawa cèt putih. Mapan ing ledhokan mèpèt pèrènging dalan. Empyaké kepara rata karo raèning dalan. Ora ngarepaké dalan. Kaya adaté omah Jawa, madhepé luputa ngalor ya ngidul. Dalemé Pak Maryono madhep ngalor. Dalan kapernah ing sakiwané omah.
Mobil mandheg ing dalan sadhuwuré omah. Sanadyan wis dipèpètaké pinggir, meksa isih ngebaki dalan. Yèn ana kendharaan liwat, ora wurung mesthi keganggu. Pak Didik ora wani nglebokaké ing latar. Dalan mlebuné ndrojog banget.

Teteluné mudhun kabèh. Pak Didik lan Pak Nèndy mlaku mudhun nuju dalemé Pak Maryono. Mékani dimèn ora keplorod, mlakuné milih ngambah undhak-undhakan sing kapacak ing sisih tengah. Simbah nerusaké mlaku nuju omahé dhéwé. Lempeng ngalor, nurut terusané dalan sing diliwati.

Gusti Allah sajak ngatonaké tandha bukti kagungané sipat Mahamurah. Pak Nèndy lan Pak Didik kaya-kaya olèh mukjizat. “Kitab primbon” sing dadi ugeman mung ngemot pituduh kasamun ing sandi swara i-i. Éwa semono, “nabi” sing mung pangawak tukang ojèk ora kangèlan anggoné mbabar werdiné sandi i-i mau. “Malaikat” sing piniji minangka cucuk lampah mung adhapur wanita tuwa kabotan blanjan. Kabèh mung sarwa sepélé. Iku ora jeneng dilalah. Pancèn mangkono piwales kang murwat tumrap tulusing niyat. Gusti Kang Mahawikan nggangsaraké sedyané wong tetulung sing atine suwung saka sawenèhé mélik.

Eba mongkogé Pak Didik lan Pak Nèndy. Dupi ngancik èmpèr dalemé Pak Maryono, karo-karoné weruh blegeré wong sing dilari. Mula ora maido yèn nganti padha lali marang subasita tumrap wong medhayoh. Tanpa uluk salam marang sing kagungan wisma, tanggaku loro iku daya-daya sumusul njujug ing kamar paturonku.

***

(ana bacute)
Share:

0 comments:

Posting Komentar

Tembe Krasa #3 (Cerkak)

Ora krasa wis kliwat Nguter. Nyumurupi plengkung “Selamat Datang” ing gapura kikis kabupatèn, kaya disengkakaké anggoné Pak Didik...

Translate

Wikipedia

Hasil penelusuran

dari Catatan Kang Gw

dari Bale Sinau

Teman Pantulkit