mengasah keterampilan merajut kata menyulam cipta

Kamis, 23 Januari 2020

Tembe Krasa #1 (Cerkak)


“Pak Nèndy?” clathuku lirih. Mripatku dakkucek. Daktamataké kanthi permana pawongan loro sing ngadeg jèjèr pener pucuking sikilku. Ora kliru. Pak Nèndy karo Pak Didik. Tanggaku sa-RT. Nunggal gang. Nanging généya kekaroné nyusul aku tekan kéné? Ndadak wis mlebu kamar pisan!

Sing dakpandeng mung genti mandeng. Durung ana gunem. Aku njenggèlèk. Dakuwali kelonanku marang anakku sing isih angler turu. Guling loro dakenggo amping-amping ing kiwa lan tengené. Banjur daktinggal menyat.

Pak Nèndy ngepuk-epuk pundhakku. Nuli nggandhèng tanganku. Aku dituntun metu saka kamar. Banjur diprenahaké lungguh ing kursi tamu. Kuwalik. Kuduné aku sing mbagèkaké. Sanajan padha-padha dhayoh, aku luwih trep nyulihi sing mengku balé wisma. Jalaran iki dalemé mbakyu nak-duluré bojoku.

Solah-bawané tanggaku iku sajak nyalawadi. Gawé gawoké batinku. Ngimbuhi ngungun ing pangrasaku.

Wingi ésuk aku sakluwarga budhal saka omah ing Semarang. Pamitku marang Pak RT, arep tilik sedulur ing Ambarawa. Yen sida, nginep sawengi. Aku mung nyebut kutha kecamatané. Ora caos alamat jangkep. Ora daksebut jeneng désané. Apa manèh dhukuhé. Uga ora daksebut asmané sedulur sing bakal dakparani.

Banjur ketemu pirang perkara déné Pak Nèndy lan Pak Didik sumusul? Apa mung kapinujon liwat banjur mampir? Apa ana prelu sing wigati? Mokal yen mung pinuju liwat. Dalemé ipé nak-dulurku iki mapan ing lurung kampung. Dudu dalan gedhé sing adhakan diambah kendharaan sing nedheng plesiran. Tur manèh, ora tinemu nalar wong mampir kok njujug ing senthong paturon. Kamangka sing ditekani omahé wong sing durung wanuh.

Genah yèn Pak Nèndy lan Pak Didik njarag nglari aku. Banjur nggawa wigati apa déné tanggaku loro karaya-raya tekan kéné iki? Pitakonku isih daksimpen ing batin. Durung kawetu ing lisan. Gagasanku isih ngumbara. Panduga manéka warna campuh. Worsuh. Tumpang-so ora karuwan. Lungguhku ora jenjem. Atiku trataban. Mripatku gorèh. Sedhéla mandeng Pak Nèndy, sedhéla namataké Pak Didik.
Sing kagungan dalem sajak durung pirsa yèn kedhayohan pyayi manca. Durung ana sing mbagèkaké. Nalika aku mapan ngeloni anakku mau, Mbakyu lagi upyek ing pawon karo bojoku. Adhiné kuwi njaluk diajari gawé roti bolu. Sing kakung mbok menawa lagi saré. Sajaké sayah sakonduré saka sawah amèk jejanganan kanggo olèh-olèh adhiné sakloron.

“Wis, disarèhke sik penggalihé, Pak,” wusanané Pak Nèndy miwiti pangandikan. “Tekaku karo Pak Didik réné iki mau nggawa kabar seka keluwarga Praci.”

Dheg! Poloku sanalika oyeg! Kaya kebandhem lungka sabledug gedhéné.

“Kabar saka Praci?” batinku.

Durung nganti aku miterang, Pak Didik mbacutaké pangandikané Pak Nèndy, “Bapak Praci ora ana.”
Ilatku ora kuwawa kumecap. Pandelengku krasa bruwet.

“Aja kurang pangapurané, Pak,” Pak Nèndy nyambung wicara, “Sajané kabaré wis ditampa Pak RT bangun ésuk mau. Ning kabèh mung dha bingung. Nyang ngendi olèhé arep nggolèki? Ngertiné mung nèng Mbarawa. Ora ngerti désané apa, dalemé sapa. Dilalah aku mau mangkat gasik. Ning, untungé, ya bali gasik. Aku teka, bapak-bapak wis dha kumpul. Mobil loro wis siyap. Ning ya kuwi, ora reti arep nggolèki nyang ngendi. Rencanané mau mung arep ngentèni sakonduré sampéyan. Terus didhèrèkké kondur Praci.”

Aku babar pisan ora nanggapi kojahé Pak Nèndy. Malah kepara ora pati dakrèwès. Pikiranku kadhung nglambrang tanpa pepalang. Cat katon cat ilang wewayangané Bapak. Rambuté sing kari kruwun-kruwun tur wis mabluk. Pipiné sing kempot. Kejaba sangking kuruné uga merga ompong mèh rata tanpa sisa. Pundhak lan cengelé sing ngapal kandel tur njanges. Lengené sing kuru aking, kulité kusi tur kasap tumèmpèl ing balung. Ototé pating pendhusul rumambat untel-untelan. Igané nggambang prasasat mung kari bebalung kasasaban glabad. Wetenge nglempèt bebasan wis ora amot sawenèh tetedhan sanajan mung sega sapulukan.

Sikilé semu sèmpèr. Bokongé sing kiwa tau abuh bantat. Mula bukané mung tutul ireng mlenik ing tapak cublesan dom suntik. Mirib andheng-andheng. Rasané gatel semu ngganjel. Yen didumuk mak cengkrang. Krasané wiwit sadina sawisé suntikan. Wis dadi padatan, angger kumat éncoké, Bapak gagé-gagé sowan dhokter lengganané.

Mundhak dina “andheng-andheng” iku mundhak amba, kandel, lan atos. Embuh, apa jalarané. Nalika durung pati gedhé, témbong nyalawadi iku naté dilaporaké marang dhokter sing mentas nyuntik. Ngendikané Pak Dhokter, iku prongkolan getih bangka. Iliné getih kandheg, banjur njendhel lan garing. Jaréné ora apa-apa. Sukmbèn mari dhéwé.

Pancèn bener. Akhiré getih bangka kuwi nglokop sacuwil mbaka sacuwil. Kaya klika garing sing coplok saka kayu. Nanging kocapa, sasèn-sasèn suwéné Bapak kudu nandhang cintraka. Ora bisa lungguh apa déné mlumah. Mlaku waé rekasa. Sikilé kiwa semu disèrèd.

Siji sing paling dakgetuni. Lelara anèh iku njalari Bapak medhot salat. Gelaku ngungkuli kélangan gunung emas, segara inten, lan pulo barléyan. Ngrékadaya murih Bapak lan Simbok bisa lan gelem salat iku biyèn dudu perkara gampang. Tetaunan mung pijer gojag-gajeg. Mandheg mayong. Saben arep ada-ada ngajak ajar salat, tansah kagubel rasa was-was lan tidha-tidha. Mengko gèk dadi lan ora rena penggalihé? Mengko gèk diarani cumanthaka? Kementhus? Ngungkak krama? Wusanané mung kari ngandelaké donga. Muga-muga Gusti Allah énggal paring dalan. Karebèn wong tuwaku sakloron netepi salat, njejegaké saka guruné agama.

***

É, jebul Pangeran ora nglirwakaké pangrintihé kawula-Né. Ora kanyana ora kaimpi, ana tangga sarimbit mara sambat. Jaré kepéngin ipil-ipil sangu. Najan bebasan mung kari kumanan korédan. Njaluk diwuruki salat.

“Arep dipoyoki kebo nusu gudèl, ya bèn,” pratelané Mbah Rakijan, nuduhaké anteping tekad.

“Mung aloké wong gawok wè ora perlu dirèken,” sambungé Mbah Saminem, sisihané.

Iki dadi babahan tumapaké sedya. Mbah Rakijan lan Mbah Saminem saumuran karo Bapak lan Simbok. Mbah Rakijan sekaliyan tan wurung kadhapuk minangka pikat.

“Mengké angsalé ajar salat ènten ngriki mawon nggih, Mbah?” usulku marang calon “santri’-ku, 
“kajengé Bapak kalih Simbok tumut sisan.”

“Mathuk banget kuwi,” sumauré Mbah Saminem ngrujuki. 

“Malah jan-jané sing duwé krenteg ki okèh lho, Ru,” Mbah Rakijan nanduki, “Mung dha éwuh lé arep nglekasi. Lha bareng krungu kabar sliramu ènèng omah, mbahmu wédok ngajak réné iki mau.”

Soré iku aku mempeng ngangsu. Ngebaki jedhing wesi tilas wadhah aspal sing wis dakasahi resik banjur dakcepakake ing latar. Méja lan lincak dakelih minggir mèpèt gebyog sisih kidul kulon. Bar magrib, saambané jrambah dakjèrèngi klasa. Dhasaré Simbok sugih klasa méndhong. Olèhé ijol glepung utawa gaplèk karo tangga-tanggané sing pinter anam.

“Apa cah-cah dha arep ngaji nèng kéné thik klasané dijèrèng kabèh?” pitakoné Bapak.

“Boten. Wau siyang Mbah Rakijan sekaliyan mriki. Ngersakké ajar salat. Gèk wau sonten laré-laré kula kèn ngaturi tangga tepalih sisan. Kajengé regeng,” sumaurku.

“Nèk ngono engko aku karo bapakamu ya mèlu sisan. Nèk bareng-bareng wong okèh, rak ora isin,” Simbok muwuhi gunem.

Nyesss ... kaya kesiram banyu sewindu embun-embunanku. Genah yen sabeneré Simbok uga darbé krenteg bisa nglakoni salat. Mbok menawa mengkono uga Bapak. Généya ora biyèn-biyèn dakjajal nawani? Généya arep ajak-ajak marang kabecikan ndadak wedi ditampik? Apa manèh marang wong tuwané dhéwé! 

“Lha ora nggodhog-nggodhog wédang?” Simbok mbacutake rembug, sajak kuwatir yèn nganti nguciwani tamu-tamuné. “Ya ora kétung wédang pleleng. Wong wis ora duwé ngèngèhan apa-apa.”

“Engko waé mèn disambi bocah-bocah,” semaurku cekak.

Genthong wis kebak. Gelas limang losin punjul wis resik kabèh. Kepara wis atus. Kayu bong satumpuk wis cumepak ing sandhing keren. Sinambi ngréwangi ngajari salat, mengko kanca-kanca bisa nggodhog wédang.

Ora kanyana. Wengi iku omahé Bapak lan Simbok dadi pondhok tiban. Sewidakan wong nglumpuk bareng. Lanang wadon. Santri kasepuhan. Racaké wis padha duwé putu. Malah akèh sing wis randha. 

Ndungkap manjing wektu ngisa.

“Empun sami wudu napa dèrèng niki wau?” pitakonku.

Wangsulané manéka warna. Kabèh karo gumuyu. Lakak-lakak. Nggeguyu awaké dhéwé. Rumangsa yèn olèhé wudu mung ngawur. Tanpa linambaran ngèlmu kang gumathok.

“Kula wau namung raup kalih wijik, Pak,” clathuné Yu Sok, blaka.

“Santri” sing nom dhéwé. Anaké loro isih cilik-cilik. Jenengé Sokiyem. Isih prenah nak-sanak karo aku. Embahé, mbakyuné embahku. 

“Boten napa-napa. Sing empun raup kalih wijik empun sah,” wangsulanku, kanggo ngeyem-eyemi, 
“Sing dèrèng, kula aturi wudu riyin ten nglatar nika. Cekap wijik tangan, raup, lajeng wijik sikil mawon.”

Tanpa nunggu préntah, kanca-kanca nuli nututi menyang latar. Nyidhukaké banyu kanggo wudu ringkes gagrag santri kadaluwarsa. 

“Allāhu akbar Allāhu akbar ...,” Tarmin miwiti adan. Nom-noman cendhèk cilik iku lulusan MI (Madrasah Ibtidaiyah, sababag SD). Sanajan lulusan madrasah, dhèwèké ora becus maca Alquran. Tujuné konangan. Banjur gelem nyantrik bareng kanca-kancané, gunggungé bocah pitu. Saiki wis lumayan lancar sanajan durung trep klawan tajwid (paugeran pamaosé Alquran). Ya cantrik cacah pitu iku sing tundhoné dadi batur. Nggrembakaké pamulangan ngaji nganti warata rong padhukuhan.

Salat ngisa nuli kawiwitan. Batur pitu ngadeg jèjèr samburine imam. Perlune, awèh conto. Karebèn ditiru para makmum sing lagi rubuh-rubuh gedhang. Langsung praktèk. Durung diwuruki apa-apa. Pandugaku, santri-santri iku racaké wis asring weruh wong salat. Embuh anaké, putuné, seduluré, utawa tanggané. Mula ora angèl anggoné nirokaké. Mung waé, sajaké padha durung apal rapalé. Iku perkara gampang. Liburanku sesasi muga-muga cukup kanggo ngrampungaké wulangan bab rapal salat. Yèn mung kari nglanyahaké apalan, kanca-kanca bisa nerusaké sawisé daktinggal bali ngudi ngèlmu ing kutha.

Iku jalarané Bapak lan Simbok wanuh karo ngibadah salat. Mokal bisa daksélaki. Uga ora bakal daklalèkaké. Mbah Rakijan lan Mbah Saminem. Aku kepotangan budi sing ajiné tanpa pepindhan. Éloké manèh, dhèwèké ora rumangsa potang budi. Ora krasa yèn dhèwèké dadi lantaran tumuruné pituduh suci marang tangga teparoné, mliginé wong tuwaku sakloron. Malah kepara suwaliké, rumangsané dhèwèké sing utang budi marang aku. Pendhak riyaya, Mbah Saminem  nggapyuk awakku. Waspané dlèwèran. Ambal-ambalan anggoné matur nuwun. 

Ing tembé, ya amal sesingidan ngono kuwi kang bakal awoh ganjaran sing ngédab-édabi. Saiki Mbah Rakijan sekaliyan wis bali ing kasédan jati. Muga-muga ingapura kabèh dosa lan kaluputané. Kariya nyadhong ganjaran langgeng minulya ing swargaloka.

Éwa semono, aku kudu nandhang cuwa. Déné Bapak ndadak medhot anggoné netepi ferdune salat. Memala nyalawadi sing nyiksa bokongé dadi jalaran nglokroné. Bareng bokongé wis mari, bola-bali aku ngélingaké murih mbalèni salat manèh. Ora kurang-kurang, putu-putuné uga dakwekas supaya mbujuk murih Bapak gelem salat manèh. 

Embuh, bocah-bocah kuwi padha ngèstokaké welingku apa ora. Sing genah, nganti aku mulih sing pungkasan, riyaya kepungkur, Bapak durung gelem mbalèni nindakaké salat. Kamangka dina iki wis tekan ing janji. Bapak ora bisa bangga, kudu manut timbalané Gusti Allah lumantar utusané, Izrail.

***
(ana bacute)
Share:

0 comments:

Posting Komentar

Tembe Krasa #3 (Cerkak)

Ora krasa wis kliwat Nguter. Nyumurupi plengkung “Selamat Datang” ing gapura kikis kabupatèn, kaya disengkakaké anggoné Pak Didik...

Translate

Wikipedia

Hasil penelusuran

dari Catatan Kang Gw

dari Bale Sinau

Teman Pantulkit